KETLISUT ING MALL
Ing sawijining dina, srengenge wes mumbul saka wetan.
Bocah wadon jenenge Sati yoiku mahasiswa universitas ing Semarang durung tangi
saka turune. Sepisanan ono ing omah digawe istirahat sing tenanan marang Sati.
Maklum, yen ing kost-kostan sing ono mung sinau, ngerjakno tugas kuliah, surve
lapangan, lan magang.
“Mbaakkk.
Ayo wungu mbak. Ibuk lan bapak kersa ngejak kula lan sampeyan menyang Ramayana.
Ayo mbaakk wunguuuu.”, abane adhikku, Dodit sing isih umur 4 taun, nggawe
kupingku brebeken. Akhire Sati tangi. “He em, Dhik. Iki mbak Sati wis tangi
kok. Arep menyang Ramayana tenanan iki, Dhik? yen bener Mbak Sati adus disik.”
, balesanku sak wise mbukak mata, nanging isih kiyep-kiyep amarga kelopak mataku
kelet kena kethek. “Inggih, Mbaaakk. Nggih kudu siram, kula sampun adus
kalawau.” “Yo wis entenono yo Dhik. Ibuk lan bapak dikandhani pisan yo. “
Limolas
menit wis keliwat, dhik Dodit, ibu lan bapak wis ngenteni ing njero montor
ngarep omah. Ora suwe, Sati nyusul menyang montor sak marine ngancing lawang
lan pager. “Mbak, mangke kula pingin ningali dolanan. Mangke teraken kula,
nggih mbak.” jare adhikku karo nyedeki lan ngelus-elus pipine Sati. “Iyo,
Dhik.”
Mudun
saka montor, hawane anget banget. Nanging sak marine mlebu Ramayana, wuuhuuu
adem banget. Kaitan mlebu lawang kaca otomatise Ramayana, Sati langsung
kepencut karo klambi lan clana jins sing ono pas luruse lawang Ramayana. Ora
ngerti piye koyo-koyo Sati kena hipnotis sing nggawe dheweke mlaku maju menyang
kios klambi iku. “Mbak, teraken kula, Mbak sakniki.” Jare adhik Dodit sing
ngebet banget pingin ndeleng dolanan karo nggeret-nggeret tangane Sati. Kios
dolanan kuwi ora adoh saka kios klambi sing diincer Sati. “Iyo Dhik. Saiki
pamit marang ibuk lan bapak supaya ora nggoleki aku lan kowe mengko.” “Ibuk,
bapak, kula lan mbak Sati badhe ningali dolanan dhateng mriku, nggih.” “Iyo,
ati-ati yo le. Mbak Sati, adhike dijogo yo.” “Nggih, buk” jawab Sati marang
ibuke nanging mripate isih ndeleng kios klambi.
Adhik
Dodit pancen kepingin ndeleng dolanan tenanan, akhire Sati ngancani adhike
menyang kios dolanan. Sak tekane ing kios, adhik Dodit wis mlaku-mlaku muteri
kios karo mentelengi dolanan-dolanan sing ono. Wis lumayan suwi rasane, Sati
ngerasaake bosen ngancani adhike munyer-munyer. Akhire Sati menyang njobo.
Mripate Sati ora kena ngalih saka kios klambi kuwi. Hipnotis iku bali maneh,
Sati nggal titik nggal titik mlaku maju menyang kios iku. Tanpa sadar, Sati wes
tekan njero kios klambi lan dheweke lali marang adhike yoiku Dodit sing isih
ono ing kios dolanan. Sati wis ndeleng lan njajali akeh klambi lan clana. Wayah
arep mbayar klambi lan clana sing dikepinginake, Sati kepethuk ibuk lan bapake.
Ibuk lan bapake kandha yen arep pesen maem ing KFC disik, mengko Sati lan adhik
Dodit dikongkon nyusul menyang KFC. “Inggih pak, mantun niki kula kaliyan adhik
mrika.” Sati ngomong bab adhike nanging lali yen adhike ora bareng karo
dheweke.
Bapak
lan ibuk wis budhal, Sati wiwit iling marang adhike, Dodit. Dheweke bingung ora
karuan nggoleki adhike lanang siji-sijine kuwi. Ing kios dolanan adhike ora
ono, ing kios klambi maeng yo ora ono. Sati nerusake nggoleki ing kios-kios
dolanan liya, ing lante 2 lan 3, yo ora ono. Sati bingung piye kandhane menyang
ibuk lan bapak yen adhike ilang. “Piye iki? Gara-gara klambi larang iki,
adhikku ilang. Huwaaaa. Piye kandhane marang bapak? Adhik Dodit karo sapa
saiki?” Sati ora bisa ngapusi yen iki amarga kesalahane, dheweke nangis ing
eskalator saka lante 2 menyang lante 1. Amarga wedi marang bapak lan ibuke bab
iki, akhire Sati mutusno dheweke bakal nggoleki adhik Dodit disik. Yen wis
kepethuk adhik Dodit, Sati wiwit biso lunga menyang bapak lan ibuk.
Tilut
tilut tilut, swara hpne Sati. Ibuke telpon nanging Sati ora wani ngangkat. Sak
wise dipikir-pikir, kanggo mastiake opo adhik Dodit karo ibuke, Sati ngangkat
telpone.
“Nduk,
kok ora mrene-mrene toh? Wis, kowe lan adhikmu ndang mrene, maem e mari iki wis
teka, loh nduk.” “Hem? Inggih, buk. Dirantos sekedap maleh, nggih buk. Mantun
mbayar dolanan, kula kaliyan adhik mrika, buk.” Jawab Sati karo mbatin yen
adhike ora ono karo ibuk.
Klentrak-klentruk
mlakune Sati amarga kesel nggoleki adhike, moro-moro ono swara saka speaker
mall. “Sugeng siang, bapak, ibuk kaliyan kaluwarga. Menawi wonten kaluwarga
ingkang keicalan setunggal anggotanipun dhateng lante setunggal Ramayana
Semarang, saged rawuh dhateng sentra informasi. Ciri-cirinipun inggih menika
umur 4 taun, ndamel rasukan biru enom
lan clana kain biru dongker, naminipun Dodit.”. Sati kaget, dheweke langsung
lunga menyang sentra informasi kangge mastikake opo bener bocah ilang iku
adhike, dodit opo ora.
“Sugeng
siang mas, pundi bocah ical menika?” “Niki, mbak. Rayinipun panjenengan toh
mbak?”. Wayah dideleng tibane Dodit kuwi duduk Dodit sing digoleki Sati. Adhike
ora umbelen koyo ngunu, ora nggawe sandal jepit pisan. Kecilik iku rasane ora
penak tenan, koyo ngunu kuwi wis dibuktikake marang Sati. Rasa seneng sak dukur
angkasa langsung ditibaake ing plataran donya, ngunu kuwi isi atine Sati saiki.
Amarga
bingung kudu nggolek ing ngendi, awak yo wis kesel kabeh koyo-koyo sikil remuk
meh puthul, Sati mutusno lunga menyang ibuk lan bapake tanpa adhike. Dheweke
bakal kandha yen adhike ilang amarga kesalahane. Masio diamuki ora karuan,
nanging Sati pancet bakalan crita marang bapaklan ibuk sak tekane ing KFC.
Dhag-dhug
jantunge Sati krungu saka adohan amarga saking wedine arep ngomong menyang ibuk
lan bapake yen adhike ilang. “Genduk Sati! Mrene, nok. Maem e wis adem iki,
kowe tekane telat banget.” Bapake Sati nyeluk Sati sak kethoke saka lawang KFC.
Sati moro, lan langsung lungguh ing kursi sebelahe bapak. “Pak, Sati…” Durung
nganti mari ngomong, “Mbak Satiiiiii. Sampeyan dhateng pundi waee. Adhik madosi
sampeyan muter-muter ing mall mulai maeng.” Abane bocah lanang sing biasa
nyeluki jenenge Sati, swarane adhik Dodit gawe Sati lego.
Sati
ora kuasa nahan rasa kangene marang adhike, banjur adhik Dodit dipeluk,
diambung mubeng, lan ditakon-takoni. “Adhiiiikkk. Aku nggoleki kowe molai maeng,
dhik. Kowe ketlisut ing ngendi??” “Ketlisut opo toh mbak Sati? koyo barang wae
ketlisut.” Ibuk nyauti Sati. “Inggih, buk. Kula ingkang ndamel masalah puniki.
Amarga kepinginan kula tumbas rasukan, akhiripun adhik ical.” “Iyo ora opo-opo.
Aku wis ngerti piye critane kok nduk. Adhik Dodit maeng wis crita titik-titik.”
Ibuk Sati lan Bapak wis ngerti piye critane kedadeyan iki. “ojo dibaleni meneh
yo, nduk.” Bapak nambahi pituturan kanggo Sati.
Lego
tenan rasane atine Sati. Adhik sing diduweni mek siji-sijine akhire ketemu lan
keadaane slamet. Akhire kaluwarga Sati bisa maem bareng-bareng tanpa kelangan
anggota kaluwarga.